Cerita Pendek Bahasa Jawa (Cerkak) Tentang Covid-19

Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Covid-19


 Corona ing Beringharjo 

Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa 

Esuk uthuk-uthuk bubar Shubuh, simbok wis siyap neng ngarep omah mancal pedhal pit onthel sing burine temumpang krondho lengkap karo krupuk kanggo dodolan ing pasar Beringharjo. Alon-alon waton kelakon, udakara 5 km saka omah tekan pasar. Omaku ora adoh saka dalan gedhe. Omah limasan cilik, latare ora amba nanging akeh wit-witan kayata mlinjo, pelem, lan rambutan. Ana ing omah iku aku karo simbok urip cah loro. Bapak sedo 7 tahun kepungkur nalika aku iseh umur 9 tahun jalaran kecelakaan.

Sawise ngrampungi gaweyan ngomah, kayata umbah-umbah, isah-isah, lan reresik omah supaya yen disawang ora kaya kapal ambyar aku banjur sarapan. Uripku wis kulina kanthi panganan mangsakane simbok lan mangsakan saka tanganku dhewe, olah-olahanku dhewe. Sawise sarapan aku banjur nyengklak montor tinggalane bapak tumuju sekolahan. Sanadyan kepiye wae kahananku kang kepetung anake wong ora duwe utawa mlarat, gregetku kanggo sekolah lan dadi uwong sukses makantar-kantar. Aja maneh kok sangu dhuwit, sandhangan wae ya mung kepetung kuwi-kuwi.

Mangsa ketiga sansaya krasa nganti tekan jroning dhadha. Mangsa rendheng nangguh wektu sauntara. Tanduran ijo ngarep omah durung ketok seger kamangka sedina kaping telu anggonku nyirami. Banyu ing sumur lan sumber-sumber uga wis susut, lemah mlethek, bledug mabur-mabur. Ananging, arepa mangsa ketiga prakara golek nafkah kanggo nyukupi kebutuhan sedina-dinane lan kanggo sekolahku, simbok ora tau kliwat. Sabendinane kawitan jam 5 esuk tekan jam 5 sore simbok dodol krupuk ing pasar Beringharjo. Ngadepi panas lan udan simbok wis tatag. Durung menawa ban nggembos, malah kadang suwek amarga kena paku. Sawise saka pasar simbok dadi buruh milihi beras ana ing toko beras kagungane Pak Joko. Aku welas karo simbok, mula nalika preinan, kadhang kala aku melu simbok milihi beras uga metiki lombok ana ing kebon kagungane Budhe Sri. Upahe ora sepira, ananging cukup kanggo aku sangu sekolah.

Wengi iki aku ndelok simbok nggloso ana klasa. Mripate kelop-kelop. Kaya mikir dawa nglangut. “Mbok, wengi iki kersa tak mangsakake jangan lodheh lan tempe goreng?” pitakonku.

“Aja kenthel-kenthel santene, Lin. Ora pareng kalih Pak Dokter,” ngendikane simbok.

Ora let suwe jangan lodheh lan tempeku wis mateng. “Mbok, didhahar mumpung tasih anget,” sinambi ngulungake sego sepiring lengkap jangan lodheh lan tempe. “Teh angete mengke riyen nggih mbok, menika saweg nggohok.”

“Yo disambi maem dhisik, Lin.”

Aku mesem lan lungguh ing jejere simbok. 

“Lin, mergo virus Corona, saiki dagangane simbok sepi.” 

Dak sawang simbok katon ora semangat kaya biasane. Akhir-akhir iki simbok pancen mruput tutup lapak. Opomaneh sawise pemerintah ngumumaken menawi warga masyarakat kudu waspada dening penyebaran virus Corona utawi Covid-19 ing wilayah Indonesia ingkang tambah meluas.  Amarga saya akehe masyarakat kang terinfeksi Covid-19, pemerintah paring imbauan supados masyarakat mendel mawon wonten ing jero omah lan mbatesi kontak marang liyane kangge wujud tindakan isolasi diri. Pemerintah uga paring imbauan kagem pelajar supados saged belajar ing omah. Perusahaan-perusahaan uga nerapaken sistem kerja jarak jauh lan work from home utawi kerja saking omah kagem para karyawan supados boten terserang virus Corona. Wabah virus Corona menika uga ngenehi dampak kanggo pedagang cilik kaya simbok. Penghasilane simbok medhun amarga jumlah pengunjung ing pasar saya kurang. Biasane simbok tutup nalika pintu gerbang pasar Beringharjo ditutup. Ananging samenika simbok nutup lapake luwih mruput.

“Lhawong samenika tiyang-tiyang didhawuhi dening pemerintah wonten griya rumiyin supados boten ketularan virus Corona. Simbok barang niku boten perlu tindhak pasar rumiyin. Kula ingkang bocah sekolah mawon didawuhi belajar wonten griya kok, mbok.”

            “Hoo Lin, menyang pasar yo ora ana penglarise, timbang gawe memala malah cilaka simbok tak milihi beras nggone Pak Joko wae. Simbok maklumi kondisi saiki, ananging simbok kuwatir yen wabah Corona iki tekan sesok Idul Fitri durung mandeg. Yo kepiye meneh simbok mung iso dedonga muga-muga upahe kerja milihi beras cukup. Yen ora cukup yo dicukup-cukupke yo, Ndhuk.”

            “Enggih mbok. Manut keputusan pemerintah mawon supados slamet. Mbenjang Linda nggih tak mbiyantu metik lombok wonten daleme Budhe Sri kangge tambah-tambah, Mbok.”

            “Ning tetep ojo lali anggonmu sinau lho, lan tetep dedonga marang Gusti supaya awakku lan awakmu pinaringan sehat saha kelancaran anggone golek rezeki.”

            “Aamiin, mbok.”

Post a Comment

0 Comments