Contoh Geguritan 1
Tresno kang Suci
Arum mlathi rumasuk ing grana
Banyu udan lumeber nelesi awak
Sumilir banyu sansaya ngademke sukma
Alon laku dak tapaki subure lemah
Salangkah banjur rong langkah
Nadyan abot lan lungkrah
Tumuju ing pusara
Sanalika kelingan rikala mori dak bukak byak
Kadya kasamber kantaka
Dinodhog rasa sajroning dada
Iki mimpi apa kasunyatan?
Ragaku ajur dadi suwur
Mrebes mili luhku metu
Ludira tumetes saka irungku
Sora suara tangisanku
Wis kukut nora bisa nyawang sliramu
Duh, Pratamastuti
Lumantar geguritan iki
Janjiku kasaksen langit lan bumi
Prasetyaku tuwuh saka tulusing ati
Rinengkuh rasa tresna kang suci
Bakal anjaga langgenging kekancan iki
Contoh Geguritan 2
Kembang Mawar
Kembang mawar kang endah
Tumancep ngarep omah
Dak sawang saben wayah
Dak sawang aneng teras omah
Ngilangake rasa lesu lan lungkrah
Atiku kang susah malih dadi bungah
Menyang pasar tuku bawang
Kembang mawar edi disawang
Edi jalaran endahe wujudmu
Uga wangine gandamu
Eri ing awakmu
Kang nglindungi sliramu
Mrih tan ana kang ngganggu
Semono uga karo sliraku
Kang tansah angreksa endahmu
Kembang mawarku
Tetep endah sadawaning wektu
Contoh Geguritan 3
Endahing Swasana
Asrining swasana
Ijoning reroyoman
Segering hawa
Endah maneka warna
Agawe waras salira
Ati bungah lan sumringah
Kadang tani murwakani makarya
Tumandhang ikhlas lila legawa
Angrasa luwe ora dirasa
Amarga nyawang subur loh jinawi swasana
Aja padha agawe ala
Aja padha agawe gela
Kabeh iki minangka rahmat
Bebarengan ayo dijaga
Amrih tansah lestari sadawaning yuswa
0 Comments