Teks Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Sesorah

Contoh Teks Pidato Kelulusan Sekolah Bahasa Jawa (Sesorah Lulusan Sekolah)

            Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahirabbil ‘alamin assalatu wassalamu ‘ala asrafil ambiya’I wal mursalin, sayidina Muhammadin wa ala alihi wasahbihi ajma’in, rabisrohli shodri wayasirli amri wahlul u’datan min lisani yaf qahu qauli, amma ba’du.

Panjenenganipun Kepala Dinas Dikpora Bantul, Bapak Drs. Didik Warsito M.Si. ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak Tri Kartika Rina M.Pd. minangka Kepala SMP N 1 Bantul ingkang satuhu kinurmatan. Bapak/Ibu guru, karyawan/karyawati ingkang kula hormati. Bapak/Ibu wali siswa saha para tamu undangan ingkang dhahat kinurmatan. Sarta para wisudawan/wisudawati saha adhik kelas X lan XI ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngonjukaken puji lan syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan lan kasarasan saengga ing wekdal menika kula lan panjenengan saged nyawiji ing papan menika bagas waras boten kirang setunggal menapa.

Para rawuh ingkang minulya, kula minangka wakil wisudawan saking kelas XII, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru awit saking sih katresnan anggenipun nggulawenthah kula lan kanca-kanca. Saengga kula lan kanca-kanca saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMP N 1 Bantul menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak saha Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung. Saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman, saengga saged nggulawenthah dhateng adhik-adhik kelas sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen, kula sakanca ugi nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan, asring damel Bapak/Ibu guru duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani ing penggalih Bapak/Ibu guru sedaya. Salajengipun kula lan kanca-kanca nyuwun donga pangestunipun suopadhos saged pikantuk pawiyatan ingkang langkung sae lan saged nggayuh cita-cita. Dados titah ingkang migunani tumraping agami, bangsa, lan negari.

Dhumateng Bapak/Ibu guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Aamiin. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani ing penggalih panjenengan sedaya, saestu kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Post a Comment

0 Comments