Atur-Atur Kenduri
Kepareng matur wonten ngarsanipun Bapak Kusnanto, sowan kula ing ngriki ingkang kapisan badhe silaturahmi, ingkang kaping kalih saestu kula dipunutus Bapak Karja, panjenengan dipunaturi lenggah kendhuri wonten dalemipun mangke ba'da Ashar saperlu syukuran sunatan putranipun. Mekaten atur kula wonten lepat nyuwun pangapunten.
Atur-Atur Tirakatan
Kepareng matur wonten ngarsanipun Bapak Lurah, sowan kula ing ngriki ingkang kapisan badhe silaturahmi, ingkang kaping kalih saestu kula dipunutus Bapak RT, panjenengan kasuwun rawuhipun wonten Kampung Gedongsari saperlu lenggah ing adicara tirakatan pangetan dinten kamardikan RI kaping 72. Cekap semanten atur kula, kathah lepat nyuwun pangapunten.
0 Comments