Kaendahan Pante ing DIY
Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) anduweni garis pante sing dawane 113 km, ambentang ana ing 3 kabupaten yaiku Bantul 17 km, Kulon Progo 25 km, lan Gunungkidul 71 km, sarta wilayah perairan Segara Kidul DIY lan Samudera Hindia. Potensi sumber daya perikanan saha wisatane menarik lan nduwe nilai ekonomis.
Wilayah pesisir kidul DIY sing nduweni sumber daya kelautan ekonomis kayata Kabupaten Bantul (Pandansimo, Kuwaru, Depok, lan Parangtritis), Kulon Progo (Congot lan Glagah-Karangwuni), saha Gunungkidul (Sadeng, Wediombo, Siung, Sundak, Drini, Baron, Ngrenehan, Gesing, lan Purwosari).
1. Kabupaten Bantul
a. Pante Pandansimo
Awal mulane Pante Pandansimo kui Tempat Pendaratan Ikan (TPI), ananging katunjang abrasi gede-gedean saengga udakara taun 2000 ora digunakke maneh. Sing menarik yaiku kawit taun 2010, para tani lekas ngalihfungsike lahan pertaniane dadi usaha tambak urang skala cilik.
b. Pante Kuwaru
Pante Kuwaru kawitan taun 1990 dikenal kanthi kawasan usaha tambak urang skala intensif dening perusahaan swasta nasional PT Indakor Bangun Desa.
c. Pante Depok
Pante Depok anduuweni lahan gumukan pasir utawa wedhi
paling amba sadawane Pante Kidul Provinsi DIY. Pante Depok uga nduweni wilayah
wisata bahari lan kuliner, ditambah pasar iwak seger higienis, sarta pabrik es
kanggo nunjang usaha pemasaran iwak seger.
d. Pante Parangtritis
Pantai Parangtritis minangka wilayah wisata pante sing
jembar lan rame katimbang papan wisata liane ing Kabupaten Bantul. Ing Pante
Parangtritis nduweni kaendahan pante, dolanan bocah, olahraga pante kayata
transportasi bendi, montor offroad, saha terbang layang, sarta kuliner lan
pasar sandang-pangan khas Yogyakarta.
2. Kabupaten Kulon Progo
a. Pante Congot
Pante congot anduweni kondhisi lahan pasiran lan
aluvial. Wilayah Pante Congot dikembangke minangka wilayah usaha budidaya urang
kanthi teknologi biocrete lan asbes skala intensif.
b. Pante Glagah-Karangwuni
Pante Glagah-Karangwuni nduweni kagiyatan kayata TPI,
wisata prau montor, uga wisata pemancingan.
3. Kabupaten Gunungkidul
a. Pante Sadeng
Pante Sadeng minangka pelabuhan iwak kanggo pusat kagiyatan nangkep iwak pelagis gedhe nggunaake kapal montor kapasitas 10-30GT, uga kanggo nagkep pelagis cilik lan lobster. Pante Sadeng uga minangka wilayah wisata mancing lan kaendahan pante.
b. Pante Wediombo
Pante Wediombo potensial kanggo papan produksi rumput
laut alami amarga nduweni wilayah segara sing tenang. Pante Wediombo uga endah
saha kanggo kawasan konservasi.
c. Pante Siung
Pante Siung potensial ing bidang perikanan, wisata, lan kuliner. Kagiyatan nangkep iwak pelagis, demersal cilik, saha lobster kalaksanan kanthi intensif.
d. Pante Sundak
Wilayah Pante Sundak dikelola profesional dening investor lokal uga ditata apik kanthi sarana panunjang kayata warung kopi, warung makan, papan dolanan, papan sante, lan penginepan sing nyaman.
e. Pante Drini
Salah sijining wilayah sing luweh fokus ana ing
kagiyatan perikanan tangkep katimbang kagiyatan wisatane. Kagiyatan perikanan
tangkep sing nonjol yaiku lobster, iwak pelagis, demersal cilik.
f. Pante Baron
Pante Baron minangka papan wisata pante sing rame
banget katimbang papan wisata pante liya ing kidul DIY. Wilayah Pante Baron jembar
banget kanthi maneka warna kagiyatan lan paket wisata kayata kuliner,
permandian, prau keliling, olahraga pante, lan liya-liyane. Ana ing dina-dina
preinan utawa tanggal abang, Pante Baron kebak wisatawan saka Yogyakarta lan
sekitare. Wisata kuliner sing khas saka Pante Baron yaiku urang krispi, urang
goreng gandum, sarta maneka warna produk kreatif kulit kerang.
g. Pante Ngrenehan
Pante Ngrenehan minangka salah sijining sentra
perikanan tangkep lan lobster. Pante Ngrenehan uga dikunjungi wisatawan domestik saben taune, ananging ora serame ing Pante Baron lan Sundak amarga akses dalane
lumayan adoh saka pusat Kota Wonosari.
0 Comments