Contoh Teks Pranatacara/MC Acara Ulang Tahun
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Salam sejahtera kagem kula lan panjenengan sedaya. Nuwun, panjenenganipun Bapak Tarjo lan Ibu Wiwit ingkang kula hormati saha Mbak Ratri Widiastuti lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Wonten ing kesempatan punika, langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken puji lan syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha karunianipun saengga kula lan panjenengan sedaya saged nyawiji ing papan menika, ing griya sahabat kula lan panjenengan sedaya, inggih menika Ratri Widiastuti, saperlu adicara ulang taunipun ingkang kaping 17. Kula lan panjenengan ing ngriki dipuntimbali saperlu ngregengaken adicara lan kasuwun donganipun awit tambahipun yuswa panjenenganipun Mbak Ratri menika.
Para rawuh ingkang minulya, tepangaken nami kula Pratamastuti minangka pranatacara ing adicara wekdal dalu menika. Saderengipun kula nglantaraken adicara kula badhe maosaken urut reroncening adicarai.
1. Adicara ingkang kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Adicara ingkang kaping kalih inggih menika adicara ulang tahun lan pagas tumpeng.
3. Adicara ingkang kaping tiga inggih menika sumene lan hiburan.
4. Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika donga.
5. Lan adicara ingkang kaping pungkasan inggih menika panutup.
Mekaten rantamaning adicara dalu menika. Rehning wekdal sampun dungkap titi wancinipun mangga kula lan panjenengan awiti kanthi waosan serat al-Fatihah, ilaa hadhratin nabiyyil musthafa, al-Faatihah.
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi pamaosan serat al-Fatihah ing sawau saged nglancaraken lampahing adicara ing dalu menika uga manfangati dhateng kula lan panjenengan sedaya, utaminipun kagem Mbak Ratri Widiastuti.
Para rawuh ingkang kula tresnani, tumapak adicara kaping kalih inggih menika adicara ulang tahun lan pagas tumpeng. Mangga panjenengan sedaya kula aturi nembang lagu ulang tahun kagem panjenenganipun Mbak Ratri Widiastuti.
Alhamdulillah. Adicara pagas tumpeng sampun kalaksanan. Adicara salajengipun inggih menika sumene lan hiburan. Dumateng kelompok angklung Kampung Seni Gedongsari, wekdal saha papan kula sumanggaaken sakcekapipun.
Kula aturaken agunging panuwun dhumateng kelompok angklung Kampung Seni Gedongsari ingkang sampun paring maneka warni hiburan kagem kula lan panjenegan sedaya. Mangga lajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika donga kagem Mbak Ratri. Pramila dhumateng panjenenganipun Bapak Ahmad Hujjaj kula sumanggaken. Sumangga.
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Ahmad Hujjaj awit donganipun. Mugi saged kaijabah dening Gusti ingkang Maha Kuwaos. Mboten karaos kula lan panjenegan sampun dungkap wonten adicara pungkasan inggih menika penutup. Sumangga kula lan panjenengan pungkasi adicara wekdal dalu menika kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahi rabbil 'aalamin.
Para rawuh ingkang minulya, kula minangka pranatacara wonten wekdal dalu menika nyuwun pangapunten menawi anggenipun kula nglantaraken adicara sawau kathah atur saha solah bawa ingkang boten mranani ing penggalih panjenengan. Lan mugi-mugi kanthi tambahipun yuswa Mbak Ratri Widiastuti saged dados titah ingkang langkung sae, panjang umur, minggah dewasa, lancar rejekinipin, lan sedaya gegayuhanipun saged kalaksanan. Aamiin.
Matur nuwun awit lampahipun panjenengan sedaya, sugeng tindhak lan sugeng pinanggih malih.
Wassaalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
0 Comments